Friday, December 13, 2013

Autobiografiku

AUTOBIOGRAFI


Nami kula Atikah Nur Shabrina. Nami panggilan kula biasanipun Atikah. Nanging menawi wonten griya nami panggilan kula Nur. Atikah menika dipunpendhet saking nami salah setunggalipun pahlawan jaman Rasulullah, Nur tegesipun cahaya, lan Shabrina menika tegesipun piyanyun ingkang sabar.  Kula lair tanggal 25 November 1993 ing Bantul.

Kula lair wonten ing keluarga ingkang sederhana. Bapak kula naminipun Dalmujiyono lan ibu kula naminipun Sri Suciati. Bapak kula guru Ekonomi Akuntansi wonten ing SMA N 1 SANDEN. Ibu kula guru Kimia wonten ing SMK N 1 SANDEN. Luthfi Nur Amalina, mbak kula kuliah wonten ing UGM mendhet jurusan Kedokteran Hewan. Kula piyambak kuliah wonten ing UNY mendhet jurusan Bahasa Jawa. Adi kula caket sekolah wonten ing SMA N 1 Bantul kelas 12 IPA. Adi kula ingkang pungkasan sekolah kelas 2 SMP wonten ing SMP N N 1 Sanden. Alamat griya kula Ngentak RT OO2 Murtigading Sanden Bantul Yogyakarta.

Hobi kula maos, mirengaken lagu, lan nggambar. Kula remen maos komik jepang lan novel. Amargi pengaruh saking mbak kula, dados remen kaliyan komik –komik lan animasi Jepang. Dangu-dangu kula ugi dados remen lagu-lagu Jepang. Sanesipun mirengaken lagu-lagu Jepang, kula ugi remen mirengaken lagu-lagu korea, lagu-lagu barat, lagu-lagu campursari, macapat, dangdut, lan lagu-lagu Indonesia. Menawi nggambaripun, kula paling remen sanget menawi nggambar wayang.

Kula sekolah setunggal taun wonten ing TK ABA Trisigan. Lajeng kula sekolah wonten ing SD Muhhamadiyah Trisigan. Prestasi kula namung angsal peringkat sepuluh besar ing kelas. Kula nerusaken sekolah wonten ing SMP N 2 Sanden. Rikala kula sekolah wonten mrika, kelas setunggal ngantos kelas tiganipun kula angsal peringkat setunggal teras ing kelas. Lajeng SMAnipun kula wonten ing SMA N 2 Bantul, lan prestasi kula anjlok sanget rikala jaman SMA rumiyin. Lan samenika kula kuliah wonten ing UNY jurusan Pendidikan Bahasa Jawa.

0 Comments:

 

This Template is Brought to you by : AllBlogTools.com blogger templates