SEDEKAH BUMI ING KABUPATEN BLORA
Bangsa
Indonesia nggadhahi kesugihan tradisi ingkang tansah dipunuri-uri lan
dipunrembakakaken awit nenek moyang dumugi samenika. Tradisi sengaja
dipunciptakaken lan dipunuri-uri teras kangge njagi kasalarasan, katentreman
lan mertahanaken gesang. Tradisi inggih menika
bagian saking kabudayan ingkang dipunciptakaken tiyang kangge
mertahanaken lan ngrembakakaken identitas utawi jati dhiri saktunggaling
kelompok masyarakat. Tradisi tansah dipunpertahanaken supados kacipta harmoni
utawi kasalarasan wonten ing saklebetipun panggesangan masyarakat menika
piyambak.
Masyarakat pra-sejarah utawi dipunkenal ugi kanthi masyarakat ingkang dereng mangertosi babagan seratan, wonten ing saklebetipun marisaken nilai kagem generasi saklajengipun mawi lisan. Tradisi masyarakat ingkang dipunparingaken kagem generasi saklajengipun mawi lisan lan tanpa dipunbukukaken dipunsebat foklore. Wonten tiga jenis foklore inggih menika foklore lisan, setengah lisan lan non-lisan. Mitos, legenda, dongeng, fabel, upacara tradisi, upacara sedekah laut, upacara sedekah gunung, upacara sedekah bumi kalebet wonten ing jenis foklore setengah lisan. Foklore setengah lisan kalebet kategori cerita rakyat. Cerita rakyat menika dipunaturaken teras kanthi turun temurun kagem generasi salajengipun. Tujuan pewarisan tradisi lisan menika supados generasi saklajengipun nggadhahi sikap ngregani lan ngurmati leluhur kanthi nerusaken lan ngrembakakaken tradisi menika trep kaliyan konteks jamanipun.
Tradisi sedekah bumi dipunsebat ugi upacara khormat bumi. Tradisi sedekah bumi utawi khormat bumi nggadhahi wos ingkang sami inggih menika saktunggaling kegiatan ingkang dipunlampahaken kanthi sesarengan kanthi maringi sedekah dhaharan utawi asil tetanen, manjataken donga dateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun maringi berkah ingkang murwat kagem sedaya penduduk desa.
Wonten kapitadosan bilih upacara khormat bumi menawi mboten dipunlampahaken saged ndadosaken bebendu kagem rakyat. Saking taun dumugi taun upacara khormat bumi ngalami perubahan lan perkembangan antawisipun wekdal penyelenggaraan, prosesi, partisipasinipun warga, pemimpin upacara, alat upacara saha hiburan. Perubahan ingkang paling fundamental inggih menika bilih tradisi sedekah bumi ingkang sarat kaliyan ritual kapitadosan pra sejarah, sakmenika sampun trepaken kaliyan ajaran agami Islam, saengga acara pengajian umum kalebet rantamaning khormat bumi. Wayang kulit inggih menika inti saking penyelenggaraan khormat bumi kagem hiburan rakyat.
Tradisi sedekah bumi inggih menika salah satunggaling wujud foklore lisan ingkang sakmenika tasih tetep dipunpertahanaken kaliyan masyarakat. Penyelenggaraan upacara sedekah bumi pikantuk apresiasi saking warga masyarakat, saengga masyarakat badhe antusias lan aktif terlibat salebeting kegiatan menika.
Sesaji ingkang dipunginakaken kangge ritual
inggih menika:
a. Tumpeng ingkang
kadamel saking sekul pethak bentukipun kerucut ingkang arupi gunungan ingkang
dipunmaksutaken kangge maringi sedekah lan ugi ngormati para dewa lan roh-roh
ingkang bersemayam wonten ing gunung.
b. Pecel pitik inggih
menika pitik panggang dipuncampur kaliyan bumbu pecel. Ingkang kadamel
saking parutan klapa utawi dipunsebat bumbu urap (Jawa).
c. Jenang abang
lan pethak inggih menika bubur ingkang kadamel saking uwos, kangge jenang
abang dipuncampur gula kelapa.
d. Kinangan ingkang
kadadosan saking godhong sirih, gambir, tembakau, enjet (kapur).
e. Toya arum inggih
menika toya ingkang dipunisi sekar ingkang ngganda arum kadadosan saking sekar
Kenanga wonten ing basa Tegal dipunsebatsebat sekar Wangsa, sekar
cempaka dipunsebat sekar Pecari, sekar Sedap malam lan angsal ugi
dipuntambah sekar Mawar.
f. Sego golong inggih
menika sekul pethak ingkang dipunbungkus godhong gedhang lan tengahipun
dipunisi tigan godhog.
g. Uang seikhlasipun.
h. Sekul arum utawi
kemenyan kanthi cara dipunbakar kangge mikantukaken gandalan asapipun, lan
ugi minangka penambah suasana sakral.
Wonten ing acara menika,
Dalam acara ini, saben kepala kaluwarga mbeto dulang inggih menika sejenis
nampan bunder segede tampah ingkang kadamel saking aluminium lan wonten ugi
ingkang kadamel saking kuningan utawi bilik. saklebetipun dulang menika tumata maneka
jinis dhaharan trep kaliyan kesepakatan menapa mawon ingkang kedhah dipunbeta.
Dulang menika dipuntutup tudung saji ingkang kadamel saking godhong, sejenis
pandan.
Tudung saji menika
kathah pikantuk wonten ing pasaran. Dulang menika dipunbeta dateng masjid, utawi
papan ingkang sampun dipuntetapaken, kangge dipunhidangaken lan dipunnikmati
sesarengan. Hidangan menika dipundalaken kanthi raos ikhlas ugi raos bangga.
a. Prosesi Arak-arakan
Sedekah Bumi
Modin inggih menika aparat
desa wonten ing bidang urusan agami kaliyan dengan naburaken sesaji (sembur
utik-utik) ingkang dipundampingi pemangku adat. Kelompok Jebeng-tulik inggih
menika kelompok muda-mudi. Jebeng mbeta sesaji (jenang uwos warna
abrit lan pethak kaliyan dipunangkepi toya), wondene tulik ndampingi kaliyan
mbeta payung kangge nghindari sinar matahari. Saklajengipun kelompok ibu-ibu PKK, dipundhereki kelompok
aparat desa inggih menika kepala desa lan staf, serta masyarakat ingkang
nglibataken piyambakipunyang melibatkan wonten ing prosesi ritual sedekah
bumi. Ingkang pungkasan inggih menika kelompok masyarakat ingkang ndhereki perjalanan
ritual menika, minangka penggembira lan nambah regengipun suasana. Dipunsambut
kaliyan warga ingkang mboten ndherek arak-arakan kanthi nggelar klasa utawi
alas lenggah sanesipun lan nyiapaken sarana slametan, dipunawiti kanthi
maos donga, lan dipunlajengaken kaliyan basa Arab, minangka pernyataan niat dipunselenggarakaken
slametan lan dipunlajengaken dhahar sesarengan.
b. Pemaosan donga ing
wekdal Ritual Sedekah Bumi
sakderengipun
donga-donga dipunwaosaken lan dipunpanjataken sesarengan, sinambi nengga warga
kempal sedaya dipunsiapaken dupa utawi kemenyan ingkang wosipun kayu
arang lan kemenyan saklaengipun dipunbakar sakndhuwuripun nampan ingkang
kadamel saking tanah liat saklajengipun dipunselehaken sakndhuwuripun tampah
ingkang wosipun sekar-sekar kadosta mawar abrit, kantul lan sekar sanesipun.
Dupa menika ancasipun kangge
ngusir roh jahat ingkang ngalangi acara ritual.
c. Ijol-ijolan Berkatan
saksampunipun maos donga
ingkang dipunpimpin modin (aparat desa) saklaengipun warga
dipunsumanggakaken kangge rebutan berkat sakathah-kathahipun. Sintenkemawon
ingkang pikantuk berkatan menika badhe pikantuk rejeki ingkang kathah, gesangipun
langkung sae.
Kempalan bunga (kembang)
ingkang kadadosan saking
sekar mawar abrit, sekar gading (kantil), sekar kenanga, kempalan
sekar kasebat nggadhahi artos bilih sedaya warga masyarakat
setempat nyembah kangge ndonga supados tetep pikantuk kanikmatan
lan matur nuwun dhumateng Allah Swt kangge karunia nikmat ingkang
sampun dipunlimpahaken kangge warga masyarakat sedayanipun.
d. Jajan setunggal
nampan
Maksut saking jajan
satu nampan menika wosipun dhaharan alit ingkang dipundamel para pamong
desa minangka perwakilan saking masing-masing dusun kanthi sukarela
dipunpendhet serunggal-setunggal dipunkempalaken saknduwuripun nampan lan
sanesipun dipunsuguhaken kangem para tamu undangan lan penonton ingkang paling
celak, janjan kasebat inggih menikat jajan pasar kadosta bugis, cucur,
poci-poci, tape ketan, gemblong ketan, nogosari lan sanesipun.
e. Pagelaran Kesenian
Wayang Kulit
Pagelaran Wayang kulit menika minangka tindak
lanjut saking acara ritual sedekah bumi, ingkang dipunlampahaken wonten
ing celakipun makam minangka makam leluhur kagem masyarakat setempa. Pagelaran
wayang kulit dipunlampahi saben taunipun minangka hiburan pungkasanipun. Kanthi
maksud kangge ngindari kemungkinan kedadosanipun hal-hal ingkang mboten
dipunkaengaken kadosta gagal panen ingkang saged nurunaken pendapatan
masyarakat amargi sebagian besar penduduk desa setempat inggih menika petani.
0 Comments:
Post a Comment