Kaendahan Pulau Bali
Pulau Bali
inggih menika salah satunggaling papan karemenanipun para turis, turis lokal
lan ugi turis saking manca nagari. Bali nggadhahi pantai ingkang unik, alam
ingkang endah, lan masyarakatipun ugi nggadhahi kabudayan asli ingkang tasih
sanget kenthel. Salah satunggalipun pantai ingkang misuwur inggih menika pantai
sanur. Pantai menika nggadhahi ciri khas kanthi watu karangipun, pasiripun
ingkang resik, lan ombak segantenipun ingkang mendayu-dayu.
Sanesipun
pantai Sanur, sejatosipun tasih wonten kathah papan liburan wonten ing Bali
ingkang sanget narik kawigatosan. Nanging, menawi ngersakaken kenyamanan lan
letenangan, pantai Sanur dados pilian ingkang sae. Kathah sanget turis ingkang
nekani pantai menika kangge berjemur lan midangetakn matahari terbit ingkang
sanget endah.
Pantai Sanur
inggih menika papan ingkang sanget ideal kangge liburan sareng kaliyan
keluarga. Pantainipun resik, ombak segantenipun mboten ageng sanget. Sanesipun
menika, wonten mrika kathah sanget pedagang dhaharan alit ingkang nyade
dhaharan unik lan enak kadosta lumpia, jagung bakar, lan dhaharan camilan
sanesipun.
Sanesipun pantai Sanur, papan
ingkang mboten kalah kondhangipun inggih menika trunyan. Trunyang menika desa
Kuno ingkang papanipun wonten ing pinggir danau Batur ingkang dados obyek unik
lan menarik amargi sistem penguburanipun kanthi ndelehaken jisim wonten ing
liang lahat kanthi kedalaman kinten-kinten 20cm kanthi rainipun dipunbuka
ngadep nginggil tanpa dipunpendhem mawi tanah nanging mboten nyebaraken smbu
ingksng mboten nyekecakaken kangge alam sekitaripun.
Wonten ugi Goa Lawah. Goa Lawah papanipun
wonten ing pinggir mergi ageng ingkang nghubungaken kitha Klungkung kaliyan
kitha Karangasem, wonten ing bibir pantai, kalebet wilayah desa Pasinggahan
kecamatan Dawan kabupaten Klungkung Bali. Goa Lawah menika perpaduan
antawisipun Gunung lan seganten ingkang arang jawah terkecuali wonten ing musimipun lan udaranipun sekedhik panas
kanthi angin seganten radi kenceng.
Goa
Lawah inggih menika Goa Alam ingkang wonten ing mulut Goa dipunhuni kaliyan atusan
Kelelawar buah, amargi saking menika masyarakan setempat paring nama Goa Lawah.
Daya tarik Goa Lawah inggih menika jumlah Kelelawar buah ingkang bergantungan
wonten ing mulut goa sadawanipun dinten kanthi maneka macem suwantenipun
ingkang khas.
Sanesipun
ingkang sampun dipunsebataken wonten ing nginggil menika, tasih wonten
kunjungan babagan museum, patilasan budaya Bali kawit jaman rumiyin, ugi wonten
pura-pura ingkang ageng. Bali menika nate dipunjuluki minangka “The Island of
Gods” , “ The Morning of The World”, “ The Last Paradise”, lan tasih kathah julukan-
julukan sanesipun.

0 Comments:
Post a Comment