Monday, December 16, 2013

FEATURE - Angkringan Ngayogyakarta

Nikmatnya Senja Wonten Ing Tengahing Keakraban Angkringan Kitha Ngayogyakarta


Senja nembe mawon menjelang, nanging kerameyanakan ssampun ketingal ing mergi... sisih lor stasiun tugu kitha Ngayogyakarta. Pinten-pinten piyantun nembe sibuk nyiapaken ngadhekaken papan dodolan Angringan ing mergi ingkang boten nate sepi saben dalunipun. Salah setunggalipun inggih menika angringan ingkang kondhang ing Ngayogyakarta, Angkringan Lek Man.

Angkringan lek man inggih menika angringan pisanan ingkang wonten ing Ngayogyakarta. Rumiyinipun angkringan menika salipun saking Klaten. Angkringan lek man menika didekaken kaliyan bapakipun inggih menika Mbah pairo ing taun 1950-an lan salajengipun dipunwarisaken dateng Lek Man ing taun 1960-an. Lan akhiripun samenika lek man pensiun lan Angkringan kasebat dipunkelola kaliyan adikipun inggih menika, pak Alek.

Angkingan lek man bikak saking jam 6 surub ngantos jam 3 enjang menika, menawarkan suatu keunikan tersendiri ingkang benten saking angkringan sanesipun. Salah satunggaipun ingkang terkenal lan orisinil inggih menika kopi Joss. Ingkang mbentenaken kopi jos kaliyan ingkang sanesipun inggih menika wonten ing babagan cara damelipun dipuncelupi arang ingkang membara ing salebetipun gelas berisi kopi panas. Proses salajengipun inggih menika nutup rapet gelas berisi kopi kasebat mawi piring alit. Suwanten saking bara ingkang dipunlebetaken salebeting Kopi ingkang berbunyi “jos” dados naminipun, saengga boten gegayutan kaliyan merk dagang tartamtu.

Panemuan kopi jos dateng lek man piyambak inggih menika buah dari ketidaksengajaan. Ing sawijining dinten rikala lek Man ngraos padharanipun sakit, lajeng lek Man damel setunggal gelas kopi panas lan iseng-iseng nglebetaken arang membara saking tungku wonteng ing salebetipun kopinipun. Sasampunipun dipununjuk kasunyatanipun sakit ing padharanipun dados langkung entheng. Khasiat saking kopi jos menika miturut panaliten inggih menika efek saking areng benter ingkang menetralisir asam ing kopi, ingkang salajengipun saged menekan asam lambung.

Ing angkingan ingkang ngginaaken pikulan kasebat panjenegan saged ngrahabi setunggal gelas kopi jos dipunsarengi kaliyan maneka warna hidangan. Sega kucing lan maneka warna makanan ringan tersedia untuk menemani petang panjenengan ing kitha Ngayogyakarta. Menawi dhaharan ingkang dipunkersaaken sampun adhem panjenengan saged nyuwun kangge manasi ghaharan kasebat kanthi “digarang” utawi dipunpanasi kanthi bara api.

Panjenengan saged milih papan ing gelaran klasa pinggir mergi utawi sinambi wicantenan kaliyan ingkang sadeyan. Tamtu mawon panjenengan kedhah milih wekdal langkung awal kangge wicantenan kaliyan ingkang sadeyan, harap maklum amargi kathah piyantun utaminipun saking luar daerah ingkang pingin dipunlayani sinambi wicantenan kaliyan ingkang sadeyan. Kagem panjenengan ingkang angsal papan ing gelaran pinggir mergi boten prelu kuwatos amargi panjenengan badhe dipunlayani sami kaliyan sanesipun lan tasih saged ngraosaken keintiman suasana wnten ing papan kasebat.

Sansaya dalu suasana akan semakin semarak kanthi dipunkancani kaliyan lantunan lagu para pengamen jalan ingkang ndadosaken papan kasebat papan pentasipun. Kathahipun pengamen boten prelu damel panjenengan cemas akan keamanan papan kasebat. Papan kasebat aman amargi miturut andharanipun pak Alek, keamanan inggih menika aset mereka ing papan kasebat. Amargi miturut pak Alek lan pedagang wonten ing ngrika menawi keamanan boten terjamin maka pelanggan akan pergi meninggalkan mereka.

Wonten ing lokasi kasebat, sinambi ngrahabi hidangan ingkang dipunpesan panjenegan saged wicantenan bebas kaliyan kanca panjenengan utawi pados tepangan enggal. Boten wonten aturan tertulis ing papan kasebat, ingkang wonten namung aturan tidak terulis supados berbuat sopan lan boten ngganggu piyantun sanes. Sedanten keakraban ingkang panjenengan pikantuki ing papan menika tamtu badhe damel panjenengan ngraosaken suatu kenyamanan lan perasaan betah ingkang benten.

Rinaosa kanthi sedaya suasana akrab ingkang dipunpikantuki, panjenengan ugi prelu ningali cuaca menawi pengen ngrawuhi papan kasebat, amargi menawi jawah panjenengan boten saged bersantai ria ing gelaran pinggir mergi. Boten dipunpasangi gendheng ing bagian gelaran klasa sengaja ditujukan kangge ndadosaken kesan alami. Sayangipun keberadaan papan kasebat kirang angsal kawigatosan saking pamarintah setempat, babagn menika ketingal saking boten wontenipun papan parkir khusus kagem pengunjung, saengga ingkang rawuh mawi kendaraan bermotor badhe dipunparingi pirsa kangge markiraken kendaraanipun ing ngajeng Angkringan. Babagan kasebat ndadosaken mergi ingkang alit dados langkung sempit kangge dipunliwati.

0 Comments:

 

This Template is Brought to you by : AllBlogTools.com blogger templates