Bendi Parangtritis wonten ing Era Modern
Bendi inggih menika kendaraan tradisional ingkang dipunginaaken minangka kendaraan angkutan wiwit jaman semanten. Kairing pangrembakaan jaman lan teknologi ing masyarakat, kendaraan tradisional kadosta bendi langkung dipuntilaraken lan gantos kaliyan kendaraan bermotor. Nanging wonten ing pinten-pinten daerah bendi tasih dipunginaaken minangka sarana transportasi ingkang dipunginaaken kaliyan masyarakat padesaan utawi kangge hiburan ing papan wisata kadosta ing pantai Parangtritis.
Pak Supri seorang pengemudi bendi utawi Kusir, kawit enjing sampun siap-siap. Kanthi cermat piyambakipun maringi maeman kangge jaran kesayanganipun ingkang dados partner nyambut damelipun saben dinten. Kumbang, panggilanipun pria 52 tahun menika kangge jaran cemeng ingkang sampun dipunrawatnya kawit cilik. Rinaosa sampun berumur antawisipun majikan lan jaranipun tesih tangguh nglampahi padintenan.
Ing pantai Parangtritis piyambak, bendi sampun dados kendaraan ingkang dipunginaaken kangge ngiwati padang pasir ing Parangtritis. Hamparan pasir ingkang wiar angel sanget menawii dipunliwati ngangge kendaraan bermotor. Nanging kanthi wontenipun pembangunan mergi aspal ingkang ngliwati pinggir pantai Parangtritis bendi awit dipuntilaraken.
Rinaosa paedah minangka alat transportasi umum kian turun pamornya, nanging miturut Pak Supri ingkang sampun 30 taun nggadhahi profesi minangka kusir bendi justru angsal papan malih minangka hiburan masyarkat. Minangka kendaraan tradisional ingkang ngginaaken tenaga hewan minangka penggerak justru saged narik kawigatosanipun wisatawan ingkang nembe plesir ing pantai Parangtritis. “menawi ngepasi dinten prei kathah ingkang pengen numpak bendi.” Criyosipun Pak Supri.
Kagem sebagian kusir bendi pantai Parangtritis inggih menika papan utama kangge pados nafkah. Rinaosa wonten sebagian namung ndadosaken pantai kasebat minangka sampingan. “Menawi kula, biasanipun enjang saderengipun ‘ngandong’ ing Parangtritis biasanipun mangkal ing peken” criyosipun Pak Supri. Kagem masyarakat ing padesan bendi tasih pikantuk papan rinaosa langkung awis reginipun menawi dipunbandingaken kaliyan kendaraan bermotor.
Awisipun tarif bendi minangka kendaraan umum langkung dipunsebabaken amargi awisipun regi pakan lan perawatan jaran ingkang dipunginaaken. Wonten ing sedinten setunggal jaran dewasa saged nelasaken tiga per empat karung godhong kacang tanah. Sanesipun amargi prelu ugi dipunparingi jamu kangge njagi kondisinipun supados bugar, sehat. Rinaosa tasih pikantuk papan, kusir bendi penghasilanipun namung sekedhik. Saengga kathah kusir bendi ingkang langkung milih Parangtritis kangge mangkal.
Kangge saged nitih bendi, sekali jalan panjenengan namung prelu ngedalaken ongkos 20 ribu. Kanthi arta kasebat panjenengan saged ngraosaken nuansa padesaan sinambi menikmati kaendahan pantai kaliyan dipunkancani kusir bendi ingkang sumeh.
Gempa besar ingkang ngguncang Yogyakarta lan sakupenganipun ing taun 2006 rumiyin cekap marinngi dampak ageng kagem perekonomian masyarakat ing tepi pantai. Kagem para kusir bendi piyambak babagan kasebat inggih saat terburuk mereka. Wonten isu anceman gelombang tsunami ingkang nyebabaken jumlah wisatawan ingkang rawuh anjlok saking taun saderengipun. "Kanthi kondisi pantai Parangtritis ingkang sepi pengunjung menika secara otomatis para Kusir bendi ugi boten pikantuk penumpang lan boten pikantuk penghasilan, padahal rata-rata kusir bendi nggantungaken gesang saking wisatawan ing obyek wisata menika" criyos pak Supri.
Rikala semanten kusir bendi ing Parangtritis ingkang jumlahipun kinten-kinten 70 piyantun kepeksa boten beroperasi amargi pengunjungipun sepi.”Pripun ajeng ngandong, lha ingkang numpak mawon boten wonten.” Tuturipun pak Supri. Kanthi sepinipun pengunjung kathah kusir bendi ingkang beralih profesi minangka tani utawi buruh.
Rinaosa kados mekaten sasampunipun pinten-pinten dangu seiring mulai berkurangnya kekhawatiran masyarakakat kaliyan tsunami, pantai Parangtritis minangka papan bersantai sesarengan keluwarga. Suherman seorang pengunjung ingkang nggadhahi profesi minangka pengawai swasta ngandharaken bilih Parangtritis papan ingkang nyaman kangge bersantai sesarengan keluwarga sasampunipun nem dinten nyambut damel. Rikala dipunpitakeni seputar keberadaan bendi Suherman nyariosaken bilih sesuatu yang menarik untuk dinaiki sinambi menikmati suasana pantai. Hal kasebat tamtu dipunsambut bingah para kusir bendi. Alhasil, pendapatan para kusir minggah lan saged angsal kirang langkung 50 ribu perdintenipun.
Rinaosa pendapatan para kusir saged dikatakan stabil, desakan kabetahan ingkang ageng lan minggahipun regi kabetahan pokok dipunraosaken abot. kanthi kemunculan pinten-pinten sarana wisata sanesipun kadosta kendaraan segala medan dipunkuwatosaken badhe mempengaruhi nasib para kusir bendi. Saengga pemerntah daerah lan dinas pariwisata dipunkajengaken saged nyediaaken ruang khusus kagem para kusir bendi supados piyantun-piyantun kados Pak Supri boten kecalan mata pencaharian. Kanthi nglestantunaken bendi sami kaliyan nglestantunaken kebudayaan daerah gayut kaliyan kendaraan tradisional.

0 Comments:
Post a Comment