Nuwun.
Para tamu ingkang minulyeng budi,
kawuningana bilih adicara panggihing risang pinanganten tumuli badhe kawiwitan.
Minangka pakurmatan panggihira risang pinanganten, para tamu kasuwun jumeneng.
Wus dungkap ing mangsa kala, ana
titahing Gusti jalu tanapi wanita arsa mestuti edi endahing budaya jawi kanthi
nindakaken adicara panggih. Panggihira risang pinanganten binarung ungeling
gendhing lancaran bindri.
______(gendhing
Lancaran Bindri)______
Mangungkung ungeling gendhing Lancaran
Bindri, gya humoring timbuling paraga kang hambeksa edan-edanan. Beksan
edan-edanan kinarya sarana panyuwun mring ngarsaning Gusti kang Mahakawasa mrih
lulus raharja tumapaking adicara panggih. Juru beksa darbe jejibahan hambrastha
saniskaraning sambekala kang bakal ngreridhu lampahing sri atmaja pinanganten. Sakehing
godha rencana kabujung, katundhung, pinaringan rahayu wit sihing Gusti kang
Mahaluhung.
Kinarya purwakaning adicara panggih, juru
ampil pisang sanggan sigra mangarsa ngabyantara ing ngarsanipun Bapak-Ibu…
Pisang sanggan minangka panebusing risang pinanganten. Tegese pisang sawega
nampi gesang, risang pinanganten kakung sawega nampi gesangipun risang
pinanganten putrid, sarwa-sarwi tanggel jawab, suka pangayoman, mrih
karaharjaning wanita. Juru ampil pisang sanggan wus aben ajeng kaliyan
Bapak-Ibu… sarwa imbal wacana, “Ibu kula ngaturaken pisang sanggan minangka
panebusing risang pinanganten putrid.” “Nun inggih sampun kula tampi, adicara
panggih tumuli badhe kalajengaken.”
Paripurna ngaturaken pisang sanggan,
juru ampil pisang sanggan sigra wangsul ing sasana sakawit. Sang juru sumbaga
suka sasmita tumapaking adicara temu utawi panggih. Lumaksana risang
pinanganten kakung miwah putri. Kang mangarsani langkah risang pinanganten
nenggih juru ampil sekar kembang mayang. Juru ampil kembar mayang marepegi sang
Abagus risang pinanganten kakung. Kembar mayang kakepyokakaen bahu kanan lan
keringira risang pinanganten. Kanthi pangajab sentosa raga, pikukuh ing driya,
ilang salwiring sukerta, kalis saking sambekala. Saniskaraning rubeda kabuncang
sesarengan kaliyan kembar mayang ing catur marga.
Saya caket anggenira lumaksana risang
pinanganten. Sangsaya caket samya apagut tingal. Tempuking pandulu mbabar raos
geter ing telenging nala, satemah datan saranta risang pinanganten putri
ambalang gantal. Gantal nun inggih suruh matemu rose ingkang minangka sarana
ambuntel sarananing ganten. Suruh tinasunglan ing lawe seta satuhu ngemu
pralampita, suruh lumah lawan kurep dinulu beda rupane ye gineget tunggal
rasane. Sanajan sajuga mijil wanita, satunggal mijil priya, risang pinanganten
kalamun sampun gambuhing penggalih, temu ing raos, tinangsulan ing rasa tresna
ingkang suci, pinesthi dadi jodhone. Pambalangira pinanganten putri tumuju ing
jaja miwah jengku. Gantal ing jaja amrih sri pinanganten kakung darbe rasa asih
mring garwa. Tumuju ing jengku risang pinanganten putri tansah ngajeng-ajeng
ing pamengku. Sageda pinanganten kakung mengku wanodya dados pangayomaning
brayat. Pambalanganing gantal pinanganten kakung nering palaraban miwah jaja.
Tumuju ing palaraban ngemu wasita
panyuwun mrih wanodya mulur ing cipta, dene ing jaja amrih mekaring rasa.
Satemah pinanganten putri saged menggalih kanthi weninging rasa. Saniskaraning
tumindak miwah wicara mung karenak tyasing sasama.
Saya
caket lumaksana risang pinanganten, sri pinanganten putri age-age
ngabekti mring garwa kanthi sumembah tumuli amijiki samparaning kang raka kang
winastan ranupada. Ranu wis ngarani
toya, pada teges samparan. Sri pinanganten putri mijiki samparaning kang raka, kanthi
sedya ngatonaken darma bekti mring garwa, amberat sawarnaning sukreta, satemah
anggenira lumebet ing alam madya gesang bebrayan saged lulus manggih kamulyan. Toya
perwita kang minangka sarana pambasuhing pada manunggal mring sekar triwarna,
nun inggih mawar, melati, miwah kenanga. Gandane sekar, den pepuji amrih ing
tembe ngambar arum gandane risang pinanganten, kuncara asmane, bias dadi tepa
palupining brayat mudha.
Paripurna winijikan samparanira, jinunjung
lenggah risang pinanganten putri kebak ing rasa asih lan tresna. Pralampitane,
risang pinanganten minangka jejering priya kasdu ngangkat drajating wanodya amrih
saged jajar kaliyan drajating priya.
Sigra sang juru sumbaga meteg antiga ing
palarabanira risang pinanganten sarimbit. Antiga binanting pecah sanalika. Pecahing
antiga dadya bibit kawit, pralampita mrih risang pinanganten enggal pinaringan
momongan putra kang bias nyambung sarasilahing kulawarga.
____(gendhing
sigeg)____
Nalika samana risang pinanganten wus
jumeneng jajar, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanodya
datan nyingkur kodrating wanita minangka garwa. Risang pinanganten arsa
lumampah tumuju ing sasana rinengga, aloke kang samya humiyat kae lho
pengantene.
____(gendhing
Ladrang Penganten)____
Gandheng renteng-renteng kekanthen asta
risang pinanganten sarimbit, jumangkah tumuju wonten ing sasana mulya. Kadya
raja myang prameswari arsa tedhak siniwaka lenggah ing dhampar denta.
Sapungkurnya risang pinanganten inggih ingkang Bapak miwah Ibu… Sukarena ing
wardaya Bapak-Ibu… dupi wus bias ngentasi wajibing wredha malakramakaken putra
pinanganten sarimbit, nun inggih Hayu… kaliyan Bagus… priya mijil saking
tlatah… Wus widagda nambut guna talining akrama risang pinanganten kanthi
napakasmani pustaka pikukuhing palakrama. Tumapaking adicara ijab ing dinten…
surya kaping… mapan ing… Ing wanci menika mestuti tatacara adiluhung kanthi
nindakaken adicara panggih. Para kadang samya tutwuri mring tindakira risang
pinanganten. Jumurung mring karsanira risang pinanganten, anggenira darbe karsa
mangun bale wisma, mangun kulawarga,mugi ing tembe enggal saged anthuk
kamulyaning gesang, atut-runtut reruntungan kadya mimi hamintuna.
____(gendhing
Ladrang Penganten suwuk)____
Sampun lenggah ing sasana mulya risang
pinanganten, gunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun suka pakurmatan
tumapaking adicara panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit. Kawuryan sri
pinanganten sampun lenggah ing sasana mulya, suka ing driya risang pinanganten
putri, ginantha ing wardaya kadya puspawarnane.
____(gendhing
Ketawang Puspawarna)____
Jangkeping adat tatacara jawi risang
pinanganten nindakaken guna tampa kaya. Guna tampa kaya, Kyai Ambarsejati
nenggih risang pinanganten kakung paring tampa kaya mring Nyai Ambarsejati nenggih
risang pinanganten putri. Guna tampa kaya, pralambang tanggel jawabing priya.
Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggel
jawab nyekapi sandhang boga ing kulawarga. Tampa kaya kacang kawak, dhele
kawak, jagung kawak, won jenar, arta pralambang ing boga, wastra, miwah
hartaka. Mugi risang pinanganten ing tembe kacekapan sandhang boga, syukur bage
pinaringan kasugihan. Lamun pinaringan kasugihan sageda lumeber mring para
kadang sentana, tangga tepalih. Kawuryan risang pinanganten putri nampi tampa
kaya datan wenten ingkang marebel mratandhani dados wanodya ingkang gemi,
nastiti, surti, tur ngati-ati. Asiling tampa kaya katitipaken mring wanodya kang
winitados rumeksa kawigdadaning tampa kaya nun inggih ingkang ibu, Ibu…
Paripurna nitipaken tampa kaya, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana
sakawit, nenggih sasana pinajang.
Tumuli risang pinanganten nindakaken
dhahar walimahan. Risang pinanganten kakung angepel-epel sekul punar, mangunggal
dados sawiji. Datan wenten ingkang gagar wigar tanpa karya. Ngemu pralampita, bilih
risang pinanganten wus manunggalaken kalih janma myang wong tuwa. Manunggaling
kalih janma nenggih risang pinanganten sarimbit, lan manunggal ing tiyang sepuh
nenggih ingkang bebesan Bapak-Ibu… kaliyan Bapak-Ibu…
Paripurna angepel sekul, pinanganten
kakung suka sih dhumateng garwa amrih dhahar sekul walimahan, dene pinanganten
kakung cekap mriksani kewala sampun suka ing manah, langkung-langkung mriksani
citranira ing garwa ingkang sulistya ing warna. Suka rena ing nala, pinaringan
sih wilasa mring garwa, risang pinanganten putri dhahar sekul punar sarwa lawuh ati antep. Tegese
wis mantep sajroning ati, sri pinanganten pinesthi dadi jodhone, pinesthi dadi
jatukramane.
Paripurna dhahar walimahan, sri
pinanganten sarimbit ngunjuk toya wening. Dadi pratandha kalamun risang
pinanganten badhe necep maduning asmarajanma, manunggalaken ing rasa, rasa
jati, sejatining rasa, satemah mijilaken kama warni seta saking pokaling bapa
miwah kama warni rekta saking pokaling rena, ing tembe saged mbabar putra kang
minangka rerengganing balewisma. Ngunjuk toya wening ugi dados pratandha
kalamun sadaya tumindak miwah muna-muni badhe kapenggaling kanthi weninging
nala, satemah among rahayu kang bakal tinemu kados unen-unen ajining dhiri
gumantung lathi, ajining raga gumantung busana, ajining awak gumantung
tumindak.
____(gendhing
Ketawang Puspawarna suwuk)____
Tumuli salajengipun
Bapak-Ibu… badhe mapag ingkang besan ing wiwaraning sasana wiwaha. Kalamun
pinanggya age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagya kawilujengan.
____(gendhing
Ladrang Sri Wilujeng)____
Wus jengkar saking palenggahan, Bapak-Ibu…
arsa mapag ingkang besan. Bapak-Ibu… sampun ngantu-antu praptaning kang besan, arsa
mbage kabagyan awit dhauping putra pinanganten. Nalika lumaksana Bapak-Ibu… tansah
suka ing galih, kacihna esem tansah sinungging ing lati. Satindak tumoleh
manganan, sapecak tumoleh mongering lamun rinumpaka kadya asung pambagya mring
para tamu ingkang minulya.
Sampun pinagya ingkang bebesan ing
wiwaraning sasana wiwaha. Ingkang bebesan samya ajejawat asta, Bapak-Ibu…
ngaturaken kawilujengan sugeng rawuh dhumateng ingkang besan Bapak-Ibu… ingkang
rawuh saking… Anggenira lumaksana para ibu ing ngarsa, para bapak wonten ing
pungkur. Menika dados pratandha kalamun para priya suka pangayoman marang para
wanita, para priya suka panjurung timindaking para wanodya kang datan nalisir
saking paugeraning kahutamen.
Wus gambuh penggalira ingkang bebesanan,
suka rena ing driya dupi uninga ingkang putra lenggah jajar ing sasana mulya,
langkung-langkung para tamu ingkang sampun lenggah pepak sinaroja, paring
pangestu dhumateng risang pinanganten. Den gegadhang amrih ingkang putra kang
lenggah ing sasana mulya, satuhu bakal mulya uripe, nemu kabagyan, lan
karaharjan. Kepareng ingkang besan kadherekaken lenggah wonten ing sisih
kiningira risang pinanganten. Paripurna ngaturaken palenggahan pakurmatan
dhumateng ingkang besan, Bapak-Ibu… wangsul ing sasana sakawit.
____(gendhing
Ladrang Sri Wilujeng suwuk)____
Sang juru sumbaga, suka sasmita risang
pinanganten, pinisepuh anglolos ingkang dhuwung, pinanganten anglepas canela, pratandha
tumapaking adicara sungkeman. Risang pinanganten arsa anguswa pepadaning
ingkang rama miwah ibu, nyuwun idi pangestuti amrih ing tembe rahayu uripe sri
pinanganten.
____(gendhing
Ladrang Mugi Rahayu)____
Wus jumangkah saking sasana rinengga
risang pinanganten, manunggaling karsa mung kasdu anguswa pepadaning ingkang
rama miwah ingkang ibu. Repepeh-repepeh angeka pada,ngabyantara risang
pinanganten ing ngarsanira ingkang rama miwah ibu. Tangkeping asta sarwa
sumembah ing jengku ering kanan. Yayah konjem ing bantala wedanane risang
pinanganten sumungkem ing pepadanira ingkang rama miwah ibu. Dupi sinungkeman
ing pepadanira, ingkang rama miwah ingkang ibu datan bias micara, kadya
sinendhal mayang batine, sumedhot ing galih, dene putra sing linairake saiki
wis diwasa arep mangun balewisma, datan karasa trenyuhing nala akarya tumetesing
waspa lamun kacandra kadya mutiara rinonce. Ingelus-elus pamidhangane ingkang
putra, ingusap-usap rikmane. Ingaras kembak ing rasa asih lan tresna.
Paripurna anguswa pepadaning Bapak-Ibu…
sigra mangarsa ing pepadaning Bapak-Ibu… Risang pinanganten arsa ngaturaken
sungkem pangabekti dhumateng tiyang sepuh, nyuwun gunging pangaksama sadaya
kalepatan, sarta nyuwun idi miwah pangestu anggenipun dhaup palakrama amrih
saged manggih kamulyaning gesang. Sarwa sumembah ing jengku ingkang rama-ibu. Dupi
pinaringan pangastawa, puji pangestu rahayu, anyles kekes, hayom, hayem, tiyang
sepuh rumaos hangayomi. Trenyuhing nala risang pinanganten mahanani eling
marang purwa duksina. Eling purwane rama kang wis ngukir jiwa ragane, eling
marang ingkang ibu kang wis minangka sasana yoga brata ing jagad lokabara alaming
kandhungan nawa candra dasa ari suwene. Eling rama lan ibu, ingkang sampun
nggulawentah wiwit timur, dumugi ing kadewasane, dene samenika arsa uwal saking
pangkoning rama miwah ibu, bawa priyangga mangun balewisma, manunggal kaliyan
ingkang garwa.
Paripurna sumungkem ing pepadaning rama
ibu risang pinanganten ateges sampun paripurna tumapaking adat tatacara jawi
panggihing risang pinanganten.
0 Comments:
Post a Comment