Abrasi Wonten Ing Pantai Samas
BANTUL – Abrasi tasih ngancam warga ing Pantai Samas, Desa Srigading, Kecamatan Sanden, Bantul. Lajeng samenika tasih wonten warga ingkang griyanipun berjarak namung setunggal meter saking pantai. Sasampunipun abrasi ngrisak griya ingkang wonten ing sisih wetan pantai, samenika pasang toya seganten sampun ngengingi sebagian kandang pelestarian penyu lan sampun ajeng rubuh. Boten namung kandang penyu, papan pelelangan ikan (TPI) lan griyanipun ingkang radi ngilen samenika ingkang paling terancam. Samenika ing Samas wonten sekitar 6 griya ingkang rawan sanget kenging abrasi. Samenika namung wonten bantuan karung pasir ingkang dipunkentun ing Samas.
.jpg)
0 Comments:
Post a Comment