Monday, December 16, 2013

Opini Pendek: Maem Nganggo Enthong

Maem Nganggo Enthong


Nalika liburan sekolah ngepasi riyaya Idul Fitri aku berlibur ana ing daleme simbah ing kawasan Blora. Ana ing daleme simbah suwene telung dina. Ing kana kabeh sedulurku padha kumpul, sing ora melu kumpul ming keluargaku sing omahe ning Jakarta.

Kedadeyan iki ngepasi pasa keri dhewe nalika maem saur bareng kaluwarga. Kira-kira jam 3 esuk wis padha digugah dijak saur bareng. Nalika digugah rasane isih aras-arasen arep tangi. Nyawane durung nglumpuk kabeh. Nanging akhire tetep kudu tangi raketan bar maem mengko bacut turu maneh. Alon-alon sambi mripat isih kriyip-kriyip aku mlaku menyang meja makan. Aku enggal-enggal njupuk piring banjur tak isi sega lan lawuhe. Banjur aku njupuk teh anget sing wis dicepakke lan “Sendhok” kanggo maem. Sawise iku aku menyang ruang kaluwarga amarga nembe padha maem bareng ing kana sinambi pada nonton tipi. Aku lungguh ing kursi cedhak tipi lan wiwit mangan sinambi ngantuk-ngantuk. Nalika mangan aku ngroso kathik sendhoke ora sedeng mlebu ning mulutku. Let sedhela budheku alok, “Dek Nur le maem iku nganggo enthong leh?” ngendika ngono sambi nuding sing tak cekel nggo maem.

Ngerti ngono kabeh dulurku lan kaluwargaku padha ngguyu kepingkel-pingkel. Aku dewe isin banjur mblayu mlebu nyelehke enthong lan ganti njupuk sendhok (yen iki sendhok sing satenane). Sawise iku bali menyang ruang kaluwarga eneh sinambi mesam-mesem isin. Tekan ruang kaluwarga dulur-dulurku isih durung isa mandheg le padha ngguyu. Rampung saur bareng sing mau niate meh mapan turu maneh dadi ora sido merga ngantukku malah ilang embuh nandi parake.

0 Comments:

 

This Template is Brought to you by : AllBlogTools.com blogger templates