Monday, December 23, 2013

ARTIKEL KESEHATAN -Pengaruh Psikis Label Peringatan ing kemasan Rokok dateng Perilaku Merokok Remaja



Pengaruh Psikis Label Peringatan ing kemasan Rokok  
dateng Perilaku Merokok Remaja


 Rokok inggih menika salah satunggaling produk ingkang kanthi ilmiah dibuktikan ngewrat racun wonten ing salebetipun. Kandungan racun kasebat saged dadosaken penyebab maneka warni penyakit ingkang berbahaya kadosta kanker, serangan jantung, impotensi, ganguan kehamilan lan janin sarta penyakit pernapasan kangge kasarasan tiyang ingkang mengkonsumsinya lan tiyang sanes ingkang wonten ing sacelakipun tiyang ingkang nembe ngrokok ( perokok pasif) .
Rinaosa kanthi ilmiah rokok ngewrat langkung saking 300 racun ingkang mbebayani kangge kasarasanipun manungsa, rokok tetep mawon beredar ing masyarakat. Konsumen rokok ingkang semula namung laki-laki dewasa samenika merambah dateng kaum wanita lan samenika sampun merambah dateng kaum remaja ingkang yuswanipun 15-19 taun.
Bab menika sangatlah mengkhawatirkan ngengeti remaja menika minangka generasi penerus ingkang salajengipun diharapkan saged  memajukan bangsa lan kangge nglampahi menika sadaya dipunbetahaken keadaan fisik lan pikiran ingkang sehat. Lan rokok saged nyebabaken menurunnya keadaan kesehatan tubuh lan dampak lebih lanjut saged mempengaruhi sel-sel wonten ing otak manungsa lan dipunpersani saking sudut pandang kesehatan saged dipuncariyosaken bilih rokok saged memperpendek usia  manungsa.
Wonten ing saben kemasan rokok wonten suatu pesan peringatan babagan bahaya mengkonsumsi rokok ingkang dipunwajibaken kaliyan pamarentah kangge sedaya produsen rokok kangge nyantumaken wonten ing saben kemasan rokok. Pesan singkat, jelas lan ngewrat penyakit-penyakit berbahaya amargi rokok kasebat diharapkan berdampak positif lan salajengipun saged ngirangi jumlah pecandu rokok ing Indonesia
Menawi wosipun pesan peringatan kasebat kasil, saged dadosaken ajrih konsumen rokok  utaminipun remaja, badhe mandheg ngrokok lan nglampahi pagesangan kanthiakan gaya hidup ingkang langkung sehat. Lan diharapkan saged ningkataken kualitas hidup masyarakat lan secara tidak langsung mendorong kemajuan bangsa.

0 Comments:

 

This Template is Brought to you by : AllBlogTools.com blogger templates