“Sinten Ingkang Nyariosaken Bilih Wirausaha Menika Namung Kangge Ingkang Gadhah Modal Ageng”
Carita sukses
Kados mekaten pernyataan saking salah satunggaling pengusaha muda saking Yogyakarta ingkang samenika sampun sukses ngrembakaaken usahanipun inggih menika Saptuari Sugiharto. Runner up wirausahawan muda mandiri taun 2007 menika sampun kasil ngrembakaaken usaha cetak digital ingkang dipunrintis awit taun 2005 kanthi nami brand-ipun “ Kedai Digital ”.
Kekasilan Saptuari nglampahaken bisnis menika ini kasunyatanipun boten uwal saking kerja keras ingkang sampun dipunwiwiti piyambakipun kawit sinau wonten ing Universitas Gajah Mada. Nameka warna usaha lan pedamelan sampun dipunlampahi, kangge mbiyantu biaya kuliahipun. Saking mulai nyambut damel ing radio swasta , perusahaan event organizer, perusahaan rokok, ngantos perusahaan komunikasi sampun dipuncobi saderengipun nglampahaken usahanipun. Boten namung mandheg wonten ing mriku mawon, sanaesipun saking kathahipun pengalaman dados karyawan piyambakipun ugi nyobi pengalaman nglampahaken usaha. Inggih menika usaha sadeyan ayam kampung lan usaha stiker, nanging kekalih usaha kasebat ugi mandheg amargi untungipun boten seimbang kaliyan modal ingkang dipundalaken.
Saben pengalaman ingkang dipunpikantuki, dipundadosaken mingangka pelajaran berharga kangge Saptuari. Ngantos ide bisnis ingkang unik menika ugi pun dipunpikantuki kaliyan Saptuari saking pengalamanipun rikala tasih nyambut damel. Saptuari kaget ningali antusias masyarakat ingkang sami rebutan merchandise ingkang gambaripun selebritis, padahal boten prelu dados selebritis sedaya piyantun ugi saged damel merchandise menapa mawon ingkang gambaripun foto piyambak-piyambak. “Kula ningali saaben piyantun nggadhahi kabetahan kangge narsis. Nah kita maringi dalan kanthi piyantun-piyantun menika damel barang kanthi gambar foto polatanipun piyambak-piyambak”. criyosipun.
Saking pengalaman kasebat, Saptuari nggadhahi tekad kangge madhekaken bisnis unik cetak digital kanthi konsep merchandise pribadi. Kanthi modal 28 juta, ing tanggal 28 Maret 2005 piyambakipun mbikak kios kecil ingkang ukuranipun 2×7 meter ing Jl. Cendrawasih 3C Demangan baru lan dipunparingi nami “ Kedai Digital ”. Awalipun kedai digital namung damel mug mawon, kanthi dipunbiyantu 3 karyawanipun kedai digital kasil nyamektaaken pangrembakaan ingkang pasti ngantos nambah produk kadosta t-shirt, pin, gantungan kunci, jam, mouse pad, foto lan poster keramik, kalender, sarta baner ingkang sedaya saged ngginaaken foto trep kaliyan panyuwunanipun para konsumen.
“Menawi samenika kondisinipun sampun sae” jawabipun rikala dipunpitakeni babagan kondisi awal usahanipun. Respon masyarakat dhateng usaha cetak digital ingkang unik menika kasunyatanipun sae sanget. Saben taunipun omset kedai digital meningkat, ingkang awalipun dipunbiyantu 3 karyawan samenika kedai digital ingkang sampun gadhah 40-an cabang ingkang kasebar ing pinten-pinten kitha sampun nggadhahi karyawan langkung saking 150 karyawan.
Rata- rata karyawan ingkang dipunrekrut Saptuari inggih menika para mahasiswa, amargi piyambakipun kepingin para mahasiswa sinau entrepreneur kangge masa depan. Saptuari ugi asring ngemutaken para mahasiswa supados selalu bergerak, boten namung mikiraken nasib para rakyat kanthi nindakaken demo. Nanging ugi kedhah mikiraken nasib piyambak-piyambakipun, kanthi dados pengusaha saderengipun dipunwisuda. “Kula ningali kathah lare muda kita ingkang kreatif nanging boten dipunparingi kesempatan kangge berkembang lan pikantuk pengalaman. Dadis, kula nyobi sekedhik maringi pengalaman kangge mbikak wawasan supados kreatifitas saged lumampah.” criyosipun.

0 Comments:
Post a Comment