Saturday, November 23, 2013

STRIGHT NEWS - Pembayaran PBB Sleman Nembe 39,5 Persen

Sleman – Sinaosa dhawah tempo pelunasan pembayaran Pajak Bumi dan Bangunan utawi PBB kantun sakuntawis dinten malih, nanging pembayaran PBB taun 2013 ing Kabupaten Sleman samangke saweg nggayuh 39,5 persen saking pangangkah, Rp 71 miliar. Awit saking punika, Kepala Dipenda Kabupaten Sleman ngajab, para wajib pajak supados tumuli netepi kuwajibanipun.

Adhedhasar data saking Kantor Dipenda Sleman, panampining pembayaran PBB ing Sleman taun 2013 samangke, dipunangkah Rp 71 miliar. Nanging ngantos samangke, saweg nampi Rp 28,3 miliar, utawi 39,5 persen saking pangangkah. Kamangka, jatuh tempo pembayaran PBB taun samangke, tanggal 30 September.Laras kaliyan pranatan, menawi kasep anggenipun mbayar pajek, pramila wajib pajak badhe dipundhendha 2 % ing saben wulan. Miturut Kepala Dipenda Kabupaten Sleman, Samsidi, pengelolaan PBB Kabupaten Sleman ingkang ngantos samangke dipuntandangi dening Kantor Pajak Pratama Yogyakarta, wiwit taun 2013 badhe dipuntandangi dening Dipenda Kabupaten Sleman. Asil pajek saking masyarakat kasebat, saperangan ugi badhe dipunwangsulaken dhateng masyarakat kanthi wujud pembangunan. Pramila Samsidi ngajab, para wajib pajak ingkang pajekipun dereng lunas, supados tumuli netepi tanggel jawabipun.

Samsidi ugi mratelakaken, para wajib pajak bumi dan bangunan ingkang dereng nglunasi kuwajibanipun, racak dumunung ing wewengkon perkotaan. Kadosta ing Kecamatan Depok ingkang kaangkah saged nampi Rp 26,9 miliar, samangke saweg nampi Rp 8,9 miliar. Kecamatan Mlati ingkang dipunangkah Rp 8,8 miliar, samangke saweg nampi Rp 3,1 miliar.


http://www.jogjatv.tv/berita/13/09/2013/pembayaran-pbb-sleman-saweg-395-persen diunduh pada tanggal 16 September 2013 pukul 17:02

0 Comments:

 

This Template is Brought to you by : AllBlogTools.com blogger templates