PEMAKAMAN UNIK WONTEN ING DESA TRUNYAN
Trunyan inggih menika salah satunggaling desa ingkang papanipun wonten ing pinggiripun Danau Batur, Kecamatan Kintamani, Kabupaten Bangli. Desa Trunyan nggadhahi tradisi unik ingkang dipunlampahaken dening masyarakat setempat saking rumiyin ngantos samenika, inggih menika nyarekaken jisim kanthi dipunpapanaken wonten ing nginggilipun siti ingkang dipunsebat Sema Wayah. Tradisi unik menika misuwur sanget saengga kathah masyarakat lokal kaliyan wisatawan manca ingkang kapilut. Umumipun, wonten ing daerah Bali, piyantun ingkang seda dipunsarekaken utawi dipunbakar (ngaben). Nanging, beda sanget kaliyan panglajengipun keturunan Bali Aga wonten ing Desa Trunyan. Piyantun ingkang seda boten dipunsarekaken utawi dipunbakar, nanging dipunkendelaken ngantos bosok wonten ing siti awujud jogangan ingkang dawa.
Posisinipun jisim jejer kaliyan jisim sanesipun, jangkep kaliyan buntelan kain minangka njagi raga rikala prosesi. Katingal namung bagian rai saking empring "Ancak Saji". Ancak Saji inggih menika anyaman empring segitiga sama kaki ingkang paedahipun kangge njagi jisim saking kewan buas.
Boten tebih saking papan mayit kaliyan rangka ingkang jejer-jejer, wonten uwit ageng ingkang dipunsebat wit "Taru Menyan". "Taru" tegesipun uwit lan "menyan" tegesipun wangi.
Boten tebih saking papan mayit kaliyan rangka ingkang jejer-jejer, wonten uwit ageng ingkang dipunsebat wit "Taru Menyan". "Taru" tegesipun uwit lan "menyan" tegesipun wangi.

0 Comments:
Post a Comment