Perjuangan
Seorang Arsya ingkang
nandhang Penyakit Lupus
Menapa ingkang
dipunwastani penyakit lupus? Penyakit lupus inggih menika peradangan kronis ingkang kadadosan rikala sistem imun tubuh menyerang
organ lan jaringan tubuh. Peradangan
ingkang dipunsebabaken kaliyan lupus saged berefek
dateng maneka warna sistem wonten ing
salebetipun badan, antawisipun sendi,
kulit, ginjal, sel darah, jantung, lan
paru-paru.
Lupus menika
asringipun nyerang para wanodya, rinaosa dereng jelas alesanipun. Wonten gangsal
jenis lupus, inggih menika:
1. Systemic Lupus Erythematosus (SLE)
Lupus jinis menika eritematosus sistemik inggih menika
wujud ingkang paling umum saking lupus. SLE
memengaruhi beberapa organ tubuh sekaligus, lan saged nyebabaken kerusakan jaringan lan nyebabaken peradangan. Ananging ingkang njalari
dereng dipunmangertosi ngantos samenika. Lupus jinis menika diyakini nggadhahi faktor genetik, faktor
lingkungan, lan hormonal. SLE ugi
mendominasi kinten-kinten 70 persen saking
sedaya kasus lupus ing donya.
2. Drug-Induced Lupus Erythematosus
Wujud lupus menika, trep kaliyan naminipun, dipicu kaliyan obat-obatan tartamtu.
Tanda-tanda lan gejala ingkang khas lupus menika kadosta nyeri sendi, nyeri otot, lan demam.
Lupus jinis menika memengaruhi tubuh
secara sistemik, saengga organ-organ sanes boten terpengaruh.
Lupus menika dipicu
kathah-kathahipun amargi kondisi kronis penyakit sanesipun. Tuladhanipun inggih
menika seseorang suka menderita kejang,
rheumatoid arthritis, TBC, detak jantung ingkang boten teratur, lan tekanan darah
tinggi. Sasampunipun pemakaian obat dipunkendhelaken, gejala lupus biasanipun badhe ical
kanthi wekdal nem wulan. Prelu dipunserat bilih lupus ingkang gumantung dateng
obat-obat tartamtu menika boten badhe mapanaken piyantun dateng risiko ingkang
langkung inggil terkena lupus.
3. Childhood Lupus
Wujud lupus menika umumipun memengaruhi lare alit kanthi cara ingkang sami kadosta lupus ingkang
mempengaruhi piyantun ingkang sampun
dewasa. Bab menika saged langkung
spesifik dateng lare alit, nanging, lupus dateng lare alit langkung
nggadhahi dampak ingkang serius memengaruhi ginjal menawi
dipuntandhingaken organ sanesipun.
Lupus childhood ugi kadadosan lan ngrembaka langkung
asring tinimbang lupus dewasa. Tanda lan gejalanipun sami kaliyan SLE. Lupus jinis
menika langkung angel dipunobati. Dokter asring ngemutaken risiko lupus menika
saged diderita sang anak dalam jangka
panjang, apalagi meniawi si anak nglampahi terapi lan
obat-obatan. Pinten-pinten obat saged nyebabaken efek samping ingkang saged memengaruhi anak ing dinten candhakipun.
Lupus saged dados penyakit melemahkan ingkang saged menurunkan
kualitas kesehatan individu secara drastis. Rinaosa boten wonten pengobatan
definitif samenika utawi obat, nanging lupus saged dikelola kanthi efektif
kangge ngirangi efek memburuknya.
Amargi tanda-tandanipun lan gejala kengge lupus saged
mirip kaliyan penyakit sanes, wonten saenipun madosi piyantun ingkang
mangertosi bab penyakit menika. Ancasipun kangge ngendani kaklentuwan diagnosis.
4. Neonatal Lupus Erythematosus (NLE)
Menika satunggaling wujud lupus ingkang paling jarang
kadadosan. Lupus jinis menika nggadhahi potensi memengaruhi bayi ingkang lair saking ibu ingkang nandhang lupus. Menika
kadadosan rikala antibodi lupus ibu
bereaksi atas bayi dalam kandungan. Saengga sasampunipun lair, bayi saged nggadhahi
ruam kulit, tingkat sel darah putih yang
rendah, lan masalah hati.
Kathah-kathahipun kasus, bayi ingkang kenging lupus jinis
menika saged pulih ing tembe wingkingipun. Menika ateges efekipun boten salaminipun
gesang. Wonten ing pinten-pinten kasus, NLE saged nyebabaken cacat jantung. Bayi mungkin mbetahaken alat pacu
jantung salaminipun gesang.
5. Cutaneous Lupus Erythematosus (CLE)
Jinis lupus menika terbatas
dateng penampakan kulit, ananging ugi
saged kadadosan sesarengan kaliyan lupus jinis SLE. Gejala lupus terbatas dateng
kulit arupi ruam, lesi, kicalan rekma, pembuluh darah langkung wiyar (saengga saged
ketingal mawi kulit), bisul, lan kepekaan dateng matahari. Wonten tigang jinis
CLE.
Ingkang sepisan, subacute cutaneous lupus
erythematosus (SCLE). Jinis lupus menika nyebabaken 10 persen saking kaseleuruhan
lupus CLE. kathahipun 50 persen saking individu ingkang kenging SCLE akhiripun
ngrembaka dados lupus jinis SLE. Sinaosa wonten lesi kulit gayut kaliyan SCLE,
lesi kasebat biasanipun boten ninggalaken bekas.
Kaping kalihipun, discoid cutaneous lupus
erythematosus utawi DLE. Wujud kulit ditandai
kaliyan warni abrit, ruam kulit langkung cetha lan akiripun dados bersisik utawi malih dados werninipun
coklat tua. Ingkang nandhang DLE
kathah-kathahipun ruam menika muncul ing
wajah lan kulit kepala. Lesi ugi saged muncul
minangka wujud luka ing mulut utawi hidung, lan saged ninggalaken bekas luka. Samenika boten wonten korelasi menapa DLE saged nyebabaken SLE
ing dinten candhakipun.
Kaping tiganipun, tumid lupus. Lupus jinis menika
nyebabaken pembengkakan ing kulit.
Individuingkang kenging tumid lupus biasanipun badanipun bengkak, tuladhanipun
rikala kenging sinar matahari. Ing awakipun
lajeng wonten plak.
Diagnosis lan perawatan dateng lupus saged maringi perbaikan. Perawatan mbiyantu saged gesang langkung aktip.
Arsya Nadia,
salah satunggaling mahasiswa perguruan tinggi ing Ngayogyakarta ingkang tasih berjuang melawan penyakit lupus amargi
dereng dipunpanggihaken obatipun dumugi samenika.
Wiwitanipun
Arsya dipundiagnosa kaliyan dokteripun kenging Cikungunya, DBD, lan Tifus,
lajeng dipunrawat wonten ing salah satunggaling rumah sakit ingkang wonten ing
daerah Bantul, laminipun setunggal minggu. Sasampunipun rumaos sehat lajeng nerasaken kuliah kados biasanipun. Nanging tigang dinten sasampunipun medal saking rumah
sakit, mustakanipun kraos awrat lan sakit sanget, kados badhe pecah, demam tinggi, padharanipun sakit sanget, bengkak-bengkak, muntah-muntah,
lan sakit wonten ing bagian-bagian persendian. Dinten salajengipun Arsya
dipunbeta malih dateng rumah sakit ingkang sami lan langsung angsal perawatan
intensif. Amargi peralatan wonten ing rumah sakit menika boten lengkap lajeng
dipunrujuk dateng rumah sakit ingkang wonten ing daerah Ngayogyakarta. Wonten ing
mrika Arsya nglampahi pemeriksaan laborat,
lan wusananipun Arsya dipunvonis kenging Lupus. Arsya namung saged pasrah
mangertosi sakitipun. Nanging piyambakipun ngupayaaken supados sabar lan kiat
nglampahi dinten-dintenipun.
