Tuesday, December 24, 2013

Soft News - Lupus



Perjuangan Seorang Arsya ingkang nandhang Penyakit Lupus


Menapa ingkang dipunwastani penyakit lupus? Penyakit lupus inggih menika peradangan kronis ingkang kadadosan rikala sistem imun tubuh menyerang organ lan jaringan tubuh. Peradangan ingkang dipunsebabaken kaliyan lupus saged berefek dateng maneka warna sistem wonten ing salebetipun badan, antawisipun sendi, kulit, ginjal, sel darah, jantung, lan paru-paru.
Lupus menika asringipun nyerang para wanodya, rinaosa dereng jelas alesanipun. Wonten gangsal jenis lupus, inggih menika:
1. Systemic Lupus Erythematosus (SLE)

Lupus jinis menika eritematosus sistemik inggih menika wujud ingkang paling umum saking lupus. SLE memengaruhi beberapa organ tubuh sekaligus, lan saged nyebabaken kerusakan jaringan lan nyebabaken peradangan. Ananging ingkang njalari dereng dipunmangertosi ngantos samenika. Lupus jinis menika diyakini nggadhahi faktor genetik, faktor lingkungan, lan hormonal. SLE ugi mendominasi kinten-kinten 70 persen saking sedaya kasus lupus ing donya.

2. Drug-Induced Lupus Erythematosus

Wujud lupus menika, trep kaliyan naminipun, dipicu kaliyan obat-obatan tartamtu. Tanda-tanda lan gejala ingkang khas lupus menika kadosta nyeri sendi, nyeri otot, lan demam. Lupus jinis menika memengaruhi tubuh secara sistemik, saengga organ-organ sanes boten terpengaruh.

Lupus menika dipicu kathah-kathahipun amargi kondisi kronis penyakit sanesipun. Tuladhanipun inggih menika seseorang suka menderita kejang, rheumatoid arthritis, TBC, detak jantung ingkang boten teratur, lan tekanan darah tinggi. Sasampunipun pemakaian obat dipunkendhelaken, gejala lupus biasanipun badhe ical kanthi wekdal nem wulan. Prelu dipunserat bilih lupus ingkang gumantung dateng obat-obat tartamtu menika boten badhe mapanaken piyantun dateng risiko ingkang langkung inggil terkena lupus.


3. Childhood Lupus

Wujud lupus menika umumipun memengaruhi lare alit kanthi cara ingkang sami kadosta lupus ingkang mempengaruhi piyantun ingkang sampun dewasa. Bab menika saged langkung spesifik dateng lare alit, nanging, lupus dateng lare alit langkung nggadhahi dampak ingkang serius memengaruhi ginjal menawi dipuntandhingaken organ sanesipun.

Lupus childhood ugi kadadosan lan ngrembaka langkung asring tinimbang lupus dewasa. Tanda lan gejalanipun sami kaliyan SLE. Lupus jinis menika langkung angel dipunobati. Dokter asring ngemutaken risiko lupus menika saged diderita sang anak dalam jangka panjang, apalagi meniawi si anak nglampahi terapi lan obat-obatan. Pinten-pinten obat saged nyebabaken efek samping ingkang saged memengaruhi anak ing dinten candhakipun.

Lupus saged dados penyakit melemahkan ingkang saged menurunkan kualitas kesehatan individu secara drastis. Rinaosa boten wonten pengobatan definitif samenika utawi obat, nanging lupus saged dikelola kanthi efektif kangge ngirangi efek memburuknya.

Amargi tanda-tandanipun lan gejala kengge lupus saged mirip kaliyan penyakit sanes, wonten saenipun madosi piyantun ingkang mangertosi bab penyakit menika. Ancasipun kangge ngendani kaklentuwan diagnosis.

4. Neonatal Lupus Erythematosus (NLE)

Menika satunggaling wujud lupus ingkang paling jarang kadadosan. Lupus jinis menika nggadhahi potensi memengaruhi bayi ingkang lair saking ibu ingkang nandhang lupus. Menika kadadosan rikala antibodi lupus ibu bereaksi atas bayi dalam kandungan. Saengga sasampunipun lair, bayi saged nggadhahi ruam kulit, tingkat sel darah putih yang rendah, lan masalah hati.

Kathah-kathahipun kasus, bayi ingkang kenging lupus jinis menika saged pulih ing tembe wingkingipun. Menika ateges efekipun boten salaminipun gesang. Wonten ing pinten-pinten kasus, NLE saged nyebabaken cacat jantung. Bayi mungkin mbetahaken alat pacu jantung salaminipun gesang.
5. Cutaneous Lupus Erythematosus (CLE)

Jinis lupus menika terbatas dateng penampakan kulit, ananging ugi saged kadadosan sesarengan kaliyan lupus jinis SLE. Gejala lupus terbatas dateng kulit arupi ruam, lesi, kicalan rekma, pembuluh darah langkung wiyar (saengga saged ketingal mawi kulit), bisul, lan kepekaan dateng matahari. Wonten tigang jinis CLE.

Ingkang sepisan, subacute cutaneous lupus erythematosus (SCLE). Jinis lupus menika nyebabaken 10 persen saking kaseleuruhan lupus CLE. kathahipun 50 persen saking individu ingkang kenging SCLE akhiripun ngrembaka dados lupus jinis SLE. Sinaosa wonten lesi kulit gayut kaliyan SCLE, lesi kasebat biasanipun boten ninggalaken bekas.

Kaping kalihipun, discoid cutaneous lupus erythematosus utawi DLE. Wujud kulit ditandai kaliyan warni abrit, ruam kulit langkung cetha lan akiripun dados bersisik utawi malih dados werninipun coklat  tua. Ingkang nandhang DLE kathah-kathahipun ruam menika muncul ing wajah lan kulit kepala. Lesi ugi saged muncul minangka wujud luka ing mulut utawi hidung, lan saged ninggalaken bekas luka. Samenika boten wonten korelasi menapa DLE saged nyebabaken SLE ing dinten candhakipun.

Kaping tiganipun, tumid lupus. Lupus jinis menika nyebabaken pembengkakan ing kulit. Individuingkang kenging tumid lupus biasanipun badanipun bengkak, tuladhanipun rikala kenging sinar matahari. Ing awakipun lajeng wonten plak.
Diagnosis lan perawatan dateng lupus saged maringi perbaikan. Perawatan mbiyantu saged gesang langkung aktip.
Arsya Nadia, salah satunggaling mahasiswa perguruan tinggi ing Ngayogyakarta ingkang tasih berjuang melawan penyakit lupus amargi dereng dipunpanggihaken obatipun dumugi samenika.
Wiwitanipun Arsya dipundiagnosa kaliyan dokteripun kenging Cikungunya, DBD, lan Tifus, lajeng dipunrawat wonten ing salah satunggaling rumah sakit ingkang wonten ing daerah Bantul, laminipun setunggal minggu. Sasampunipun rumaos sehat lajeng nerasaken kuliah kados biasanipun. Nanging tigang dinten sasampunipun medal saking rumah sakit, mustakanipun kraos awrat lan sakit sanget, kados badhe pecah, demam tinggi, padharanipun sakit sanget, bengkak-bengkak, muntah-muntah, lan sakit wonten ing bagian-bagian persendian. Dinten salajengipun Arsya dipunbeta malih dateng rumah sakit ingkang sami lan langsung angsal perawatan intensif. Amargi peralatan wonten ing rumah sakit menika boten lengkap lajeng dipunrujuk dateng rumah sakit ingkang wonten ing daerah Ngayogyakarta. Wonten ing mrika Arsya nglampahi pemeriksaan laborat, lan wusananipun Arsya dipunvonis kenging Lupus. Arsya namung saged pasrah mangertosi sakitipun. Nanging piyambakipun ngupayaaken supados sabar lan kiat nglampahi dinten-dintenipun.

Monday, December 23, 2013

Rerangkening adicara ing Upacara Siraman Calon Pengantin Gagrak Ngayogyakarta




UPACARA SIRAMAN CALON PENGANTIN
GAGRAK NGAYOGYAKARTA HADININGRAT

Rerangkening adicara ing Upacara Siraman Calon Pengantin Gagrak Ngayogyakarta kados ing ngandhap menika

  1.      Pambuka dening panata adicara
  2.      Donga
  3.      Pasang bleketepe
  4.      Cetik geni
  5.      Ngracik toya perwita adi
  6.      Kintun toya
  7.      Ngabekten
  8.      Siraman
  9.      Sesuci (muloni)
  10.  Mecah pamor
  11.  Pangkas rikma
  12.  Tanem rikma
  13.  Pangkas tumpeng saha dulang pungkasan.
  14.  Panutup panata adicara

TEKS PANGGIH

Nuwun.
        Para tamu ingkang minulyeng budi, kawuningana bilih adicara panggihing risang pinanganten tumuli badhe kawiwitan. Minangka pakurmatan panggihira risang pinanganten, para tamu kasuwun jumeneng.
        Wus dungkap ing mangsa kala, ana titahing Gusti jalu tanapi wanita arsa mestuti edi endahing budaya jawi kanthi nindakaken adicara panggih. Panggihira risang pinanganten binarung ungeling gendhing lancaran bindri.
______(gendhing Lancaran Bindri)______
        Mangungkung ungeling gendhing Lancaran Bindri, gya humoring timbuling paraga kang hambeksa edan-edanan. Beksan edan-edanan kinarya sarana panyuwun mring ngarsaning Gusti kang Mahakawasa mrih lulus raharja tumapaking adicara panggih. Juru beksa darbe jejibahan hambrastha saniskaraning sambekala kang bakal ngreridhu lampahing sri atmaja pinanganten. Sakehing godha rencana kabujung, katundhung, pinaringan rahayu wit sihing Gusti kang Mahaluhung.
           Kinarya purwakaning adicara panggih, juru ampil pisang sanggan sigra mangarsa ngabyantara ing ngarsanipun Bapak-Ibu… Pisang sanggan minangka panebusing risang pinanganten. Tegese pisang sawega nampi gesang, risang pinanganten kakung sawega nampi gesangipun risang pinanganten putrid, sarwa-sarwi tanggel jawab, suka pangayoman, mrih karaharjaning wanita. Juru ampil pisang sanggan wus aben ajeng kaliyan Bapak-Ibu… sarwa imbal wacana, “Ibu kula ngaturaken pisang sanggan minangka panebusing risang pinanganten putrid.” “Nun inggih sampun kula tampi, adicara panggih tumuli badhe kalajengaken.”
        Paripurna ngaturaken pisang sanggan, juru ampil pisang sanggan sigra wangsul ing sasana sakawit. Sang juru sumbaga suka sasmita tumapaking adicara temu utawi panggih. Lumaksana risang pinanganten kakung miwah putri. Kang mangarsani langkah risang pinanganten nenggih juru ampil sekar kembang mayang. Juru ampil kembar mayang marepegi sang Abagus risang pinanganten kakung. Kembar mayang kakepyokakaen bahu kanan lan keringira risang pinanganten. Kanthi pangajab sentosa raga, pikukuh ing driya, ilang salwiring sukerta, kalis saking sambekala. Saniskaraning rubeda kabuncang sesarengan kaliyan kembar mayang ing catur marga.
        Saya caket anggenira lumaksana risang pinanganten. Sangsaya caket samya apagut tingal. Tempuking pandulu mbabar raos geter ing telenging nala, satemah datan saranta risang pinanganten putri ambalang gantal. Gantal nun inggih suruh matemu rose ingkang minangka sarana ambuntel sarananing ganten. Suruh tinasunglan ing lawe seta satuhu ngemu pralampita, suruh lumah lawan kurep dinulu beda rupane ye gineget tunggal rasane. Sanajan sajuga mijil wanita, satunggal mijil priya, risang pinanganten kalamun sampun gambuhing penggalih, temu ing raos, tinangsulan ing rasa tresna ingkang suci, pinesthi dadi jodhone. Pambalangira pinanganten putri tumuju ing jaja miwah jengku. Gantal ing jaja amrih sri pinanganten kakung darbe rasa asih mring garwa. Tumuju ing jengku risang pinanganten putri tansah ngajeng-ajeng ing pamengku. Sageda pinanganten kakung mengku wanodya dados pangayomaning brayat. Pambalanganing gantal pinanganten kakung nering palaraban miwah jaja.
        Tumuju ing palaraban ngemu wasita panyuwun mrih wanodya mulur ing cipta, dene ing jaja amrih mekaring rasa. Satemah pinanganten putri saged menggalih kanthi weninging rasa. Saniskaraning tumindak miwah wicara mung karenak tyasing sasama.
        Saya  caket lumaksana risang pinanganten, sri pinanganten putri age-age ngabekti mring garwa kanthi sumembah tumuli amijiki samparaning kang raka kang winastan ranupada. Ranu  wis ngarani toya, pada teges samparan. Sri pinanganten putri mijiki samparaning kang raka, kanthi sedya ngatonaken darma bekti mring garwa, amberat sawarnaning sukreta, satemah anggenira lumebet ing alam madya gesang bebrayan saged lulus manggih kamulyan. Toya perwita kang minangka sarana pambasuhing pada manunggal mring sekar triwarna, nun inggih mawar, melati, miwah kenanga. Gandane sekar, den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandane risang pinanganten, kuncara asmane, bias dadi tepa palupining brayat mudha.
        Paripurna winijikan samparanira, jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing rasa asih lan tresna. Pralampitane, risang pinanganten minangka jejering priya kasdu ngangkat drajating wanodya amrih saged jajar kaliyan drajating priya.
        Sigra sang juru sumbaga meteg antiga ing palarabanira risang pinanganten sarimbit. Antiga binanting pecah sanalika. Pecahing antiga dadya bibit kawit, pralampita mrih risang pinanganten enggal pinaringan momongan putra kang bias nyambung sarasilahing kulawarga.
____(gendhing sigeg)____
        Nalika samana risang pinanganten wus jumeneng jajar, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanodya datan nyingkur kodrating wanita minangka garwa. Risang pinanganten arsa lumampah tumuju ing sasana rinengga, aloke kang samya humiyat kae lho pengantene.
____(gendhing Ladrang Penganten)____
        Gandheng renteng-renteng kekanthen asta risang pinanganten sarimbit, jumangkah tumuju wonten ing sasana mulya. Kadya raja myang prameswari arsa tedhak siniwaka lenggah ing dhampar denta. Sapungkurnya risang pinanganten inggih ingkang Bapak miwah Ibu… Sukarena ing wardaya Bapak-Ibu… dupi wus bias ngentasi wajibing wredha malakramakaken putra pinanganten sarimbit, nun inggih Hayu… kaliyan Bagus… priya mijil saking tlatah… Wus widagda nambut guna talining akrama risang pinanganten kanthi napakasmani pustaka pikukuhing palakrama. Tumapaking adicara ijab ing dinten… surya kaping… mapan ing… Ing wanci menika mestuti tatacara adiluhung kanthi nindakaken adicara panggih. Para kadang samya tutwuri mring tindakira risang pinanganten. Jumurung mring karsanira risang pinanganten, anggenira darbe karsa mangun bale wisma, mangun kulawarga,mugi ing tembe enggal saged anthuk kamulyaning gesang, atut-runtut reruntungan kadya mimi hamintuna.
____(gendhing Ladrang Penganten suwuk)____  
        Sampun lenggah ing sasana mulya risang pinanganten, gunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun suka pakurmatan tumapaking adicara panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit. Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasana mulya, suka ing driya risang pinanganten putri, ginantha ing wardaya kadya puspawarnane.
____(gendhing Ketawang Puspawarna)____
        Jangkeping adat tatacara jawi risang pinanganten nindakaken guna tampa kaya. Guna tampa kaya, Kyai Ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring tampa kaya mring Nyai Ambarsejati nenggih risang pinanganten putri. Guna tampa kaya, pralambang tanggel jawabing priya.
        Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggel jawab nyekapi sandhang boga ing kulawarga. Tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar, arta pralambang ing boga, wastra, miwah hartaka. Mugi risang pinanganten ing tembe kacekapan sandhang boga, syukur bage pinaringan kasugihan. Lamun pinaringan kasugihan sageda lumeber mring para kadang sentana, tangga tepalih. Kawuryan risang pinanganten putri nampi tampa kaya datan wenten ingkang marebel mratandhani dados wanodya ingkang gemi, nastiti, surti, tur ngati-ati. Asiling tampa kaya katitipaken mring wanodya kang winitados rumeksa kawigdadaning tampa kaya nun inggih ingkang ibu, Ibu… Paripurna nitipaken tampa kaya, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasana pinajang.
        Tumuli risang pinanganten nindakaken dhahar walimahan. Risang pinanganten kakung angepel-epel sekul punar, mangunggal dados sawiji. Datan wenten ingkang gagar wigar tanpa karya. Ngemu pralampita, bilih risang pinanganten wus manunggalaken kalih janma myang wong tuwa. Manunggaling kalih janma nenggih risang pinanganten sarimbit, lan manunggal ing tiyang sepuh nenggih ingkang bebesan Bapak-Ibu… kaliyan Bapak-Ibu…
        Paripurna angepel sekul, pinanganten kakung suka sih dhumateng garwa amrih dhahar sekul walimahan, dene pinanganten kakung cekap mriksani kewala sampun suka ing manah, langkung-langkung mriksani citranira ing garwa ingkang sulistya ing warna. Suka rena ing nala, pinaringan sih wilasa mring garwa, risang pinanganten putri  dhahar sekul punar sarwa lawuh ati antep. Tegese wis mantep sajroning ati, sri pinanganten pinesthi dadi jodhone, pinesthi dadi jatukramane.
        Paripurna dhahar walimahan, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toya wening. Dadi pratandha kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmarajanma, manunggalaken ing rasa, rasa jati, sejatining rasa, satemah mijilaken kama warni seta saking pokaling bapa miwah kama warni rekta saking pokaling rena, ing tembe saged mbabar putra kang minangka rerengganing balewisma. Ngunjuk toya wening ugi dados pratandha kalamun sadaya tumindak miwah muna-muni badhe kapenggaling kanthi weninging nala, satemah among rahayu kang bakal tinemu kados unen-unen ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana, ajining awak gumantung tumindak.
____(gendhing Ketawang Puspawarna suwuk)____  
         Tumuli salajengipun Bapak-Ibu… badhe mapag ingkang besan ing wiwaraning sasana wiwaha. Kalamun pinanggya age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagya kawilujengan.
____(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)____
        Wus jengkar saking palenggahan, Bapak-Ibu… arsa mapag ingkang besan. Bapak-Ibu… sampun ngantu-antu praptaning kang besan, arsa mbage kabagyan awit dhauping putra pinanganten. Nalika lumaksana Bapak-Ibu… tansah suka ing galih, kacihna esem tansah sinungging ing lati. Satindak tumoleh manganan, sapecak tumoleh mongering lamun rinumpaka kadya asung pambagya mring para tamu ingkang minulya.
        Sampun pinagya ingkang bebesan ing wiwaraning sasana wiwaha. Ingkang bebesan samya ajejawat asta, Bapak-Ibu… ngaturaken kawilujengan sugeng rawuh dhumateng ingkang besan Bapak-Ibu… ingkang rawuh saking… Anggenira lumaksana para ibu ing ngarsa, para bapak wonten ing pungkur. Menika dados pratandha kalamun para priya suka pangayoman marang para wanita, para priya suka panjurung timindaking para wanodya kang datan nalisir saking paugeraning kahutamen.
        Wus gambuh penggalira ingkang bebesanan, suka rena ing driya dupi uninga ingkang putra lenggah jajar ing sasana mulya, langkung-langkung para tamu ingkang sampun lenggah pepak sinaroja, paring pangestu dhumateng risang pinanganten. Den gegadhang amrih ingkang putra kang lenggah ing sasana mulya, satuhu bakal mulya uripe, nemu kabagyan, lan karaharjan. Kepareng ingkang besan kadherekaken lenggah wonten ing sisih kiningira risang pinanganten. Paripurna ngaturaken palenggahan pakurmatan dhumateng ingkang besan, Bapak-Ibu… wangsul ing sasana sakawit.
____(gendhing Ladrang Sri Wilujeng suwuk)____
        Sang juru sumbaga, suka sasmita risang pinanganten, pinisepuh anglolos ingkang dhuwung, pinanganten anglepas canela, pratandha tumapaking adicara sungkeman. Risang pinanganten arsa anguswa pepadaning ingkang rama miwah ibu, nyuwun idi pangestuti amrih ing tembe rahayu uripe sri pinanganten.
____(gendhing Ladrang Mugi Rahayu)____    
        Wus jumangkah saking sasana rinengga risang pinanganten, manunggaling karsa mung kasdu anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu. Repepeh-repepeh angeka pada,ngabyantara risang pinanganten ing ngarsanira ingkang rama miwah ibu. Tangkeping asta sarwa sumembah ing jengku ering kanan. Yayah konjem ing bantala wedanane risang pinanganten sumungkem ing pepadanira ingkang rama miwah ibu. Dupi sinungkeman ing pepadanira, ingkang rama miwah ingkang ibu datan bias micara, kadya sinendhal mayang batine, sumedhot ing galih, dene putra sing linairake saiki wis diwasa arep mangun balewisma, datan karasa trenyuhing nala akarya tumetesing waspa lamun kacandra kadya mutiara rinonce. Ingelus-elus pamidhangane ingkang putra, ingusap-usap rikmane. Ingaras kembak ing rasa asih lan tresna.
        Paripurna anguswa pepadaning Bapak-Ibu… sigra mangarsa ing pepadaning Bapak-Ibu… Risang pinanganten arsa ngaturaken sungkem pangabekti dhumateng tiyang sepuh, nyuwun gunging pangaksama sadaya kalepatan, sarta nyuwun idi miwah pangestu anggenipun dhaup palakrama amrih saged manggih kamulyaning gesang. Sarwa sumembah ing jengku ingkang rama-ibu. Dupi pinaringan pangastawa, puji pangestu rahayu, anyles kekes, hayom, hayem, tiyang sepuh rumaos hangayomi. Trenyuhing nala risang pinanganten mahanani eling marang purwa duksina. Eling purwane rama kang wis ngukir jiwa ragane, eling marang ingkang ibu kang wis minangka sasana yoga brata ing jagad lokabara alaming kandhungan nawa candra dasa ari suwene. Eling rama lan ibu, ingkang sampun nggulawentah wiwit timur, dumugi ing kadewasane, dene samenika arsa uwal saking pangkoning rama miwah ibu, bawa priyangga mangun balewisma, manunggal kaliyan ingkang garwa.
        Paripurna sumungkem ing pepadaning rama ibu risang pinanganten ateges sampun paripurna tumapaking adat tatacara jawi panggihing risang pinanganten.     

 

This Template is Brought to you by : AllBlogTools.com blogger templates